Jumat, 04 November 2011

Makili Jum'atan (Cekakak Banyumasan)

Langite mendung, mega pada gumantung, tapi hawane malah panas nggawe sumuk awak. Pak Slamet lagi leyeh-leyeh neng lincak karo kipasan. Sedhela-dhela nyruput clebek adhem turahan mau esuk.

“Pak, dhela maning adzan, mbok dhina Jum’at! Wis adhus urung rika?” Bu Slamet ngomong karo bojone sing kawit tangi nganti arep bedug esih tura-turu neng lincak.

“Lah, dhela maning, awake pating nggreges koh, kawit wingi hawane nggawe awak ora kepenak!” Pak Slamet malah tambah rapet gole kemulan sarung.

“Nggreges toli ora doyan mangan, kawit esuk be wis enthong sega secething!”

Bu Slamet sing kawit esuk wis rikat tambah mbededeg atine ndheleng bojone sing mbetur kaya kucing kencoten.

“Geh, pak, apa rika ora isin karo tanggane? Kabeh wong wis padha mangkat maring sawah kawit esuk, rika malah turonan neng bale, lumraeh wong lanang ya esuk-esuk wis mangkat ngodhe, ya mbuh ngode apa bae!” Bu Slamet saking mbedhedheg atine ngomel bae maring Pak Slamet.

“Wis lah bu, meneng sih ngapa? Apa enggane wong ora kena kesel?” Saurane Pak Slamet.

“Kesel ngapa rika? Kesel medhang? Awit esuk mung medhang kopi karo mangan gorengan dage koh ngomong kesel? Nyong sing kawit esuk ora mandheg be meneng bae, ora taren kesel karo rika!”

Pak Slamet karo Bu Slamet pada padu ora nana juntrungane, nganti wayah bedug wis tekan.

“Owalah, pak... pak! Apa enggane Jum’atan kudhu nyong sing makili?” Bu Slamet misuh-misuh kambi ngelus dada sing sesek.

“Wis nyong bae sing tek mangkat Jum’atan!”

Bu Slamet njukut sarung karo kopyah.

“Arep ngendhi Bu?”

“Arep makili rika Jum’atan!”

(^_^)7   (^_^) 7   ( ^_^)7

(Inspirasi dari guyonan Ivon yang tak bisa kulupa)
(Ied ide I did)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

terimakasih atas apresiasinya, semoga menjadi bahan perbaikan ^^